Jumat, 12 Oktober 2012

Raden Werkudara


Raden Werkudara

Raden Werkudara satriya gagah prakoso tur sakti mandraguna.




Peparabe
Raden Wijasena
Raden Bratasena
Raden Arya Bima
Raden Bayusuta

Kesatriyane
Jodhipari utawa Unggul Pawenang

Bapak lan Ibune
Bapake asma Prabu Pandhu Dewanata, ratu ing Ngastina. Ibune asma Dewi Kunthi Talibrata, putrid ratu Madura.

Garwane
Dewi Nagagini, anak Antaboga
Dewi Arimbi, putrid Prabu Arimbaka
Dewi Urangayu, anak Batara Mintuna

Anak-anake
Raden Antareja, saka Ibu Dewi Anggagini
Raden Gathutkaca, saka Ibu Dewi Arimbi
Raden Antasena, saka Ibu Dewi Urangayu

Gegaman lan aji-ajine
*- Kuku Pancanaka  
*- Gada Rujakpolo
*- Gada Lukitasari
*- Aji-aji Bandhungbandawasa
*- Aji-aji Kethuklindhu

Watake

Watake bares kures lan jujur. Nedheng anggone ngudi kawruh. Manteb marang gegayuhan, tanpa mandheg tumoleh. Ora pasrah ing godha rencana.

Katrangan

Nalika isih mudha ajejuluk Raden Wijasena utawa Raden Bratasena, dadi muridhe Pandhita Durna. Manut banget marang gurune, marang sadulure, sing tuwa yaiku Raden Puntadewa. Uga manut anget marang wong tuwane, luwih-luwih marang Ibune, Dewi Kunthi.


Ing kulawarga Pandhawa, dheweke dadi pandhegane. Yen malku ora gelem alon, jangkahe amba tur rikat banget. Yen guneman ngungkak karma (ngoko) marang sapa bae. Nalika perang Bratayudha sakabehing musuh kalah. Prabu Suyudana, ratu ing Ngastina tiwas mungsuh Raden Werkudara. Tiwas uga Pating Sengkuni, Raden Dursasana lan liya-liyane bala Kurawa.

Lakon Crita

Bale sigala-gala, Babad Alas Mertani, Kangsa adu Jago, Dewa Ruci, lan sapiturute.

2 komentar: